Cerita Lucu Saat Gempa: Keplayon Neng Kuburan – Ping Pindo Digoyang Lindu

Surabayaonline.co | Ponorogo – Nyekar makam wong tuwa lan maratuwa dak tindakake minangka sethithik tanda bekti marang wakiling Gusti ing Marcapada sing ora bakal bisa dak wales jasane nalika isih sugeng rikala semono.

Dino Sabtu tanggal 26 Ruwah 1954 tahun Jawa , kira-kira jam 7 isuk wes tekan Ponorogo. Langsung njujug ana makam bapak lan ibu kang disarekake ana makam Tjokronegoro mburi Masjid Agung Ponorogo.

Bubar nyekar ana makame bapak lan ibu, banjur mampir sedelo nggone mbakyu mbarep sing manggon ana Sekaran Siman, Kabupaten Ponorogo.

Kira-kira jam setengah siji awan, terus pamitan nerusake laku tumuju marang Desa Wilangan Sambit, Kabupaten Ponorogo saperlu nyekar ing makam maratuwa ana makam umum desa.

Mampir ana nggone pak lurah Desa Wilangan sing isih kepetung adi ipe dewe. Ngobreng alias ngobrol bareng karo pak lurah sauntara, suwi ora ketemu merga ketabrak pandemi sing ora leren-leren.

Kira-kira awan jam 1 luwih telung prapatan banjur nyengklak sepeda motor silihan loro mlaku tumuju makam. Wong papat karo anak bojo budhal nyekar ana makam maratuwa. Jarak omahe pak lurah karo makam ora adoh, kira-kira telung menitan.

Tekan makam resik-resik njeboli suket karo ngresiki sampah godong jati sing pating sumlengkrah ceblok ana lemah. Durung nganti ndonga ana makam ujug-ujug bumi sak ngisore makam horeg koyo diherog saka ngisor.

Anak lanang karo ibune mlayu keponthal-ponthal ora karuan. Aku karo mbarep njegreg sih ngadeg ana nduwur makam.

Bayanganku iki nang ndeso ora ana sing mbangun kok ana truk tronton gede liwat. Horeg ana ngisor makam rasane persis kaya nalika truk tronton liwat nang ndalan njur aku nang pinggirre. Gledeg-gledeg ngono rasane.

Nalika iku durung sadar blass yen iku mau lindu utawa gempa lagi wae nghoregke tlatah Jawa Wetan nganti tekan Ngayogyakarta barang. Bareng lindune wes lerem anak lanang karo ibune mbalik nyedaki makam maratuwa sing dak resiki bareng mau.

Anak lanang dak takoni,  “lee…..kowe kok mluayu golong koming kuwi mau ana apa???”

“Aku wedi pak. tak kiro makhluk ghoib, pada tangi tekok kuburan, mangkakno aku wedi keplayon”, mangkono jawabanne si thole sing ndadekake ngakak bapak lan mbakyune.

Ana kuburan ngguyu ngakak sakjanne ora pantes, nanging piye maneh lawong pancen lucu, spontanitas wae tanpa sadar.

Bubar nyekar banjur bali mulih ana nggone pak Lurah. Nerusake ngobrol sedela sing kepedot keperluan nyekar ana makam.

Bubar ngasar pamitan nerusake laku menyang Pacitan. Pingin refreshing menyang pantai Klayar sing kondang kaendahanne.

Tekan Pacitan wes surup, arep neruske laku menyang pantai kok awang-awangen, akhire njur rehat boking hotel merga awak wes kesel poll. Sesuk isuk wae laku diterusake.

Sewengi turu nggleser blass ora nglilir merga saking keselle. Ming sworo konser kodok, walang lan sakpanunggalane nandakake swasono ndeso sing adem ayem tata tentrem kerta raharja.

Bubar manembah mring Murbeng Jagad ing wayah subuh isih nerusake molor maneh ana ekstra bed. Kira-kira jam setengah pitu isuk, ibune cah-cah lagi adus, mbarep glethakan ana kasur, aku karo si thole klesetan ana ekstra bed.

Ujug-ujug dipan kasur sing dituroni mbarep karo ibune muni kreket kreket kreket. Spontan wae aku mbengok lindu lindu linduu. Langsung wae aku mlayu metu nganti sarung keplorot-plorot sempak wajane ketok.

Bocah loro melu mlayu metu saka kamar. Lha sing ndadekake dagelan ibune cah-cah melu-melu keplayon metu teko jeding kembenan andok karo girap-girap keweden.

Antarane wedi karo lucu campur dadi siji. Wes tobat tenan pokok e. Rong ndino digoyang lindu lumayan gede gek arep ana kedadean opo ing nuswantara iki? (Sanjoto Prijo Djatmiko)